contoh geguritan untuk guru dari siswa dalam bahasa jawa
B. Daerah
nurulhida19891hida
Pertanyaan
contoh geguritan untuk guru dari siswa dalam bahasa jawa
1 Jawaban
-
1. Jawaban aldasalsa99
Pamulangan
Jare simbah aku kudu sekolah
Kareben dadi bocah genah mrenah ora nggladrah
Jare rama ibu aku kudu sregep mangkat
Kareben dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat
Jare bapak ibu guru aku kudu sinau
Tambah ilmu
Kareben kelakon kabeh kang tinuju
Nangingprakanca,coba delengen kahanan nyataapa isih bisa pamulangan kang ana dadekake urip tumata pamulangan kang tanpa tuladha pamulangan kang kasatan piwulang pamulangan kang ngajarake angka-angka wutasiji lan siji ana pira?
Jare anut kang duwe kersaJan ora weruh subasita, trapsila, apa maneh tata kramalali dosa…
kabeh lurung binarung
kumalungkung pamrih pamuji siji
Pamulangan ora aweh pepadang
Simbah,
Nyuwun pangapunten
Kula mboten kepingin dados dokter
Jalaran duite bapak mboten wonten sakoper
Rama,
Nyadong duka
Kulo mboten kapilut drajat pangkat
Jalaran ajrih sumpahing rakyat
Kang panggah mlarat sekarat
Bapak ibu guru,
Nyuwun donga pangestu
Mugi-mugi sedaya ilmu saged dados sangu